3 contoh purwakanthi (purwakhanti guru swara,guru sastra,lumaksita)?

3 contoh purwakanthi (purwakhanti guru swara,guru sastra,lumaksita)?

jawaban

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe iku diarani tembung purwakanthi. Tembung purwakanthi iku miduweni 3 jenis, yaiku Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra, lan Purwakanthi Lumaksita/Guru Basa.

 

Tembung Purwakanthi Guru Swara.

Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing swarane. Contone :

  • Ora obah ora mamah.
  • Jujur agawe Makmur.
  • Kepengen mujur tur malah ajur.

 

Tembung Purwakanthi Guru Sastra.

Yaiku purwakanthi ingkang runtut ing sastra  utawa tulisane. Contone :

  • Bobot, bibit, lan bebet iku penting.
  • Garang nanging garing.
  • Sing sapa salah bakale seleh

 

Tembung Purwakanthi Guru Basa.

Purwakanthi kang adhedhasar runtute tembung sing ana ngarep karo tembung sing ana mburine. Contone :

  • Kepingin tuku buku, bukune wis entek.
  • Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.
  • Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.

Semoga jawaban kakak dapat membantu, apabila masih terdapat pertanyaan yang lain, jangan ragu ajukan pertanyaanmu di Brainly ya.

Detail Tambahan

Kelas             : V

Pelajaran       : Bahasa Daerah

Kategori         : Bahasa Jawa

Kata Kunci     : Tembung Purwakanthi, Guru Swara, Guru Sastra, Guru Basa

Kode              : –